“JAKA TARUB DADI DUDA”
Dina jemuah, suasana sore wis cerah. Udan sing mikine gede banget siki wis mandheg. Srengengene wis mulai katon ditambah ana pelangi mentongol neng sisi kulon. Nek jerene wong2 tah angger ana pelangi,berarti arep ana bidadari sing arep adus neng bumi. Tapi bener orane ya mbuh ora ngerti .Selot suwe semribit ana mambu – mambu wangi pisan. Ana apa si ya? Suara kemrincing-kemrincing genahepol sekang sisi kulon.
Byuuuurr..
Widadari Abang (daribang): Cihuy, aseeek! Bisa adus maning. Jan banyune seger pisan
yaa. Wis seminggu keh ora adus, awake pliket kabeh, lah jan segere pol lah
pokoke.
Widadari Jambon (daribon): Genah iya koh, segere poll. Tapi angger aku ya ora kaya ko.
Ko tah dadi widadari ora tau adus. Mbok siki neng kayangan wis ana pemandian
umum. Ora ngerti si katro bengeet.
Widadari Kuning (darikun): Ih yaampuun! Sapa kue sing ora tau adus jan ngisin-ngisina
banget lho. Widadari kelas internasional koh yaa ora tau adus jaan. Contoh keh
aku, ora tau telat menycure pedycure, mbok wangi pisan kieh ambune.
Widadari Ijo (darijo): Lah yawis lah. Anu kaya kue be dibahas. Nyong sing ora tau
adus be meneng bae koh ya jan.
Widadari Abang (daribang): Duh Ijo, dadine nyong ana batire kieh? Aseek, toss ndipit
yuk maree
Widadari Ijo : Tos lah mbabro, haha
Widadari Kuning : Ya ampyun, anu kaya kue be dibanggakna. Mbok ya jijay lah. Oh ya,
ngomong-ngomong si Ungu, Biru, karo Nila lagi neng ngendi ya? Kawit mau ora
keton koh.
Widadari Jambon : Oh kae wong telu? Ngeneh ya tek omongi, si Ungu mau wis ijin arep
konser ndipit, si Biru lagi masak nggo papih raja, terus si Nila lagi mojok
karo pacare. Miki wis tek jeki malah ora gelem bae jere mbok kesetrum.
Widadari Abang : Yaiyalahyaw, angger dijek ya kesetrum tolol
Widadari Jambon : Hoh ya kowe sing tolol, maksude aku kuweh si Nila intine ora gelem
melu ngeneh lah. Jere wis ana sing ngejeki shoping shoping
Widadari Kuning : Oh kaya kue yaa, hahaha
Neng prapatan…
Jaka Tarub : Le, le, le!
Jaka Tole : Apa lah, nyong ora budeg. Nyeluki bae. Nyong wis krungu, ana apa
jane?
Jaka Tarub : Gyeh, wetenge aku lara pisan, mules, mau esuk kakean mangan sambel
apa ya? Batiri beol ming kali yuh
Jaka Tole : Jen wis gedene semono ming kali be njaluk dibatiri, kecing temen kowe
Jaka Tarub : Lah aja kaya kue lah tulung. Batiri beol koh, yuh lah
Jaka Tole : Emoh lah, mbatiri koh ming kali, mbatiri tulih maring kota, shoping
cuci mata apa kepriben, mbatiri koh beol, bebeh temen
Jaka Tarub : Oh kaya kuwe ya ora gelem mbatiri, yawis, mangsa oraha angger neng
kali ana sing bening-bening arep ora tek wehi ngerti
Butul neng kali
Jaka Tarub : Aduh jaan legaa pisaaaaan eh tapi koh kaya ana sing sejen ya, deneng
mambu wangi ana apa ya? Kayane tah ambune sekang kulon, jajal tek tiliki lah…..
Walah walaaah apa nyong ora salah weruh kae widadari lagi adus? Wahwahwaaah
bening pisan keh kena nggo cuci mata, tombo ngantuk! Ohya aku duwe ide
cemerlang, tek jukut lah salah siji selendange, ngkoli ora teyeng bali..
Tuman!!
Jaka Tarub njukut slendang sing Jambon
Widadari Ijo : Kanca2, pada bali yuhlah maring khayangan, kayane aduse wis cukup,
wis klimis kyeh
Widadari Kuning : Aduh biyuung, nyong tesih kepengen ciblon. Dela maning lah ya
Widadari Abang : Tapi kayane wis sore loh, angger domaih papih raja priwe?
Widadari Jambon : Yawis lah ayuh pada ngandang, tapi ngomong-ngomong slendange nyong
neng ngendi ya? Deneng murca (ilang)?
Widadari Kuning : Cape deeh, miki mbok wis disog ngkono lah, degolet maning jal.
Widadari Jambon : Uwis koh tapi ora nana, kepriwe yah, mengko nyong ora teyeng bali
kepriwe? Biyunge biyunge
Widadari Abang : Ayuh cepetan wis sore koh, aku Ijo karo Kuning bali disit ya
Widadari Jambon : Lah nyong kepriwe neng kene? Masa detingggal dewekan? Moh lah
Widadari Ijo : Wis lah, trima bae nasibe ko
Widadari Kuning : Mbon, aku bali ndipit yaa, Im sorry goodbye sorry dorry morry
stroberi yaaa…
Widadari Jambon akhire detinggal dewekan, langka sing gelem mbatiri.
Ijik-ijik Jaka Tarub teka kaya dadi pahlawan bae kesoren
Widadari Jambon : (nangis) slendange nyong neng ngendi laah kepriwe kiye biyune
bapane
Jaka Tarub : Cah ayu, kenangapa nangis dewekan neng kono, wis gedene semono masa
nangis apa ora isin?
Widadari Jambon : Slendange nyong ilang koh!
Jaka Tarub : Deneng bisa ilang sih?
Widadari Jambon : Hah, sapa sing takon kuwe, deneng langka wujude (clingukan)
Jaka Tarub : Kiye aku neng mburi, nylinguk ya
Widadari Jambon : Subhanallah, rika sapa? Deneng ijik-ijik bisa neng kono
Jaka Tarub : Oh ko ora ngerti ya, yawis perkenalken aku Jaka Tarub, pemuda sing
paling cakep paling ganteng paling joss neng desa kiye, kaya kuwe. Nah siki
giliran aku sing arep takon, cah ayu dewek jenenge sapa trus bisane neng kene
anu keprimen ceritane?
Widadari Jambon : Dadi rika Jaka Tarub, anu sing cokan nggaweni tarub angger ana pengantenan
ya?
Jaka Tarub : Sembarangan, kiye Jaka Tarub, udu tukang nggaweni tarub
Widadari Jambon : Oh kaya kuwe, yawis giliran aku yuh, aku kuwe Widadari Jambon, nama
bekene Nawang Sasi, aku teka sekang khayangan, tapi sing dadi masalah, siki aku
ora teyeng bali khayangan soale slendange nyong ilang
Jaka Tarub : Oh dadi kaya kue critane, melas temen, yawis siki melu nyong bae yuh,
Widadari Jambon : Melu maring ngendi lah?
Jaka Tarub : Aja kakehan takon si ngapa, gari melu bae koh, apa ko gelem tek
tinggal dewekan neng kene, hayuh gelem ora? Mbok cokane ana sing ngawe-awe nek
wengi-wengi
Widadari Jambon : Apa iya? Hi medeni temen
Jaka Tarub : Yawis mangkane melu aku bae, sante bae, arep ora deapak-apakna ikih
Widadari Jambon : Sumpeh lho! Yawis siki aku melu rika, tapi angger rika macem-macem,
tek bithi rikane
Jaka Tarub : Iya lah, yuh
Sawise kaya kuwe, Widadari Jambon akhire melu Jaka Tarub, mbarang wis
suwe akhire Jaka Tarub karo Widadari Jambon pada seneng-senengan, banjur akhire
pengantenan, lan dikaruniai anak lanang
Para widadari sing maune pada bali khayangan teka maning, para widadari
kuwe olih perintah sekang papih raja supaya njemput Nawang Sasi bali
Widadari Kuning : Mbon, kepriwe kabare? Apik-apik bae mbok? Lawas ora ketemu yaa
Widadari Jambon : Eh Abang, Kuning, Ijo, aku apik-apik bae koh priwe kabare ko pada?
Waras kabeh mbok? Kabare papih raja kepriwe?
Widadari Ijo : Aku karo kanca-kanca neng kana ya pada waras bedigas kabeh
Widadari Abang : Jen aku tah heran karo ko, bisane betah neng bumi ana apa jane?
Widadari Jambon : Gyeh tek critakna, aku neng kene ketemu karo cowo sing ngganteng
pisan, jenenge Jaka Tarub, kae sing nulungi aku pas aku detinggal karo ko pada.
Trus siki aku wis mbojo karo Jaka Tarub, malah aku wis duwe anak lanang siji,
jenenge Jaka Tajam, dijukut sekang Ta sing berarti Tarub, Jam
berarti Jambon, keren mbok
Widadari Abang : Oh kaya kuwe critane ya
Widadari Jambon : Nah ngomong-ngomong ko pada jane ming ngeneh dalam rangka apa?
Tumben-tumbenan
Widadari Kuning : Kaya kiye critane, aku, Ijo, Abang diutus neng papih raja supaya
njemput ko bali khayangan, nggo ngapa urip neng bumi, ora kepenak ora asik
mending urip neng khayangan apa-apa ana
Widadari Jambon : Tapi pangapura ya kanca-kanca, aku ora bisa melu ko pada, soale aku
wis betah neng bumi, maningan mengko nasibe anak bojone nyong kepriwe aku esih
pengen neng kene
Widadari Ijo : Dadi nyong sia-sia keh ming ngeneh, aja kaya kue sih ngapa
Widadari Jambon : Sepisan maning pangapura lah ya nyong ora bisa
Widadari Kuning : Yawis angger kaya kuwe karepe ko, tapi aku pada esih tetep ngarepna
ko balik khayangan, aku arep ora maksa sing penting ko seneng nyong ya melu
seneng
Widadari Jambon : Matur tengkyu ya, wis pada pengertian karo nyong
Widadari Abang : Yawis yuh pada bali, wis sore kyeh mendung maning, mengko neng dalan
kudanen piwe?
Widadari Kuning : Mbon, aku bali ndipit ya, dadaaah
Para widadari kuwe akhire bali khayangan, tapi Widadari Jambon tetep ora
gelem bali
Neng umah…
Jaka Tarub : Yaang, gawekna kopi ngeneh, sore-sore kaya kiye kayane asik pisan
medang kopi
Widadari Jambon : Ya sabar
Jaka Tarub : Pancen angger rejeki ora bakal mingendi-ngendi, bisa olih widadari
sing ayu mbok apa ora joss pisan, angger ganu ora tek jukut slendange ndean aku
ora bisa urip seneng kaya kiye, tapi aja nganti si Nawang ngerti, angger ngerti
brabe kyeeh bisa kabur balik khayangan maning, mengko aku dadi duda, sorry ya
Widadari Jambon : Jen, bapake karepe aben sore medang, apa ora bosen?
Jaka Tarub : Ya ora koh, wong sing nggawekna be bojone nyong sing paling ayu, jen
ayu pisan pokoke laah..
Widadari Jambon : Oh ya pak, berase wis entong, ngesuk madange kepriwe?
Jaka Tarub : Mbok beras sing wingi esih, sedela temen entonge
Widadari Jambon : Esih jere sinten, wong wis bersih limit koh
Jaka Tarub : Ohya, neng lumbung beras pedangan sebelah kulon toli esih ana berase,
wingi ana kiriman sekang kaki Daslam
Widadari Jambon : Jajal tek tiliki ya kang
Jaka Tarub : Ya nganah
Neng lumbung beras kuwe, ijik-ijik Widadari Jambon nemu slendang warna
jambon. Mirip kaya slendange sing ganu ilang, Widadari Jambon curiga, apa iya
Jaka Tarub sing njukut slendange, Nawang Sasi kesuuuh pisan!
Widadari Jambon : Kang, aku arep takon, penting banget!!!! Kye masalah slendange nyong
sing ganu ilang, pak, kenangapa bisa slendange aku ana neng lumbung beras? Aja-aja
rika sing njukut slendangku ganu ya?
Jaka Tarub : Hah? Slendang apa? Aku ora ngerti!
Widadari Jambon : Lah usah mungkir, ngaku bae, aku bener-bener kecewa karo rika! Wis
tek bela-belani ora balik khayangan, eh ternyata sing njukut slendange aku ganu
malah wong sing paling aku tresnani. Teganya dirimu teganya teganya!
Jaka Tarub : Pangapurane yaank, aku bener-bener njaluk pangapura sing seblanggem,
aku ora ngerti nek bakalan kaya kiye akhire
Widadari Jambon : Kang, aku kuciwa, kuciwa. Sedih atiku, aku ora bisa kaya kiye terus,
aku wis dilomboni, aku kudu lunga sekang kene, kang, tulung jaga Jaka Tajam
sing bener, aku titip derumat, aja ngasi kurangen pangan, wis ya, aku lunga
selamat tinggaal
Jaka Tarub : Yang aja lunga lah aja tinggalna aku dewekan neng kene, melasi Jaka
Tajam, masa aku dadi DUDA, huaaaaa hiks
Widadari Jambon akhire balik ming khayangan, anake siji-sijine karo
bojone detinggal dewekan. Saben ana pelangi Widadari Jambon ngintip keadaan
anake sekang langit. Jaka Tarub banjur
dadi DUDA.
0 komentar:
Posting Komentar